Sacrifice (IDN) : Pangumbaraning Sukma

Black Metal / Indonesia
(2005 - Self-Produced)
Learn more

Lyrics


1. ALAS ROBAN

Wekasane langit djaladri
Djin prayangan sedaya waluya
Gunung sewu dadiya pager
Katon murup sakahing tuminggal”

Dina iki, dina wengi padhang wulan
Alas roban nduwe gawe, gawe gedhe
Lelembute sarwa sowan dadi siji
Nyambut wektu, wektune kang gawe mukti

Reno cahyane wulan, nambah nggegerisi alas roban
Lamat tangisane bayi, angiris-ngiris njroning ati
Gondo amise getih, sumebyar nyirep gondo kusumo
Gawe wulanan iki, srono mukti para abdi

“Duh gustiku bagus karang
Ingsun kawulo ingkang sawan
Puniko si jabang bayi
Ingkang kanjeng idem-idemke
Punang getih buwana wektu
Pangestu lan sujudku kasuwun
‘Ngen ‘jeng pangeran dumadi”

Kethek putih wujude sing rumeksani
Bagus karang lelembut iku asmane
Dhanyang sekti malah kelangkung sektine
Alas roban pancen panggone kratone


2. KIDUNG WARINGIN SUNGSANG

Kidungku wringin sungsang anggitane
Putranipun sindulo syeh tapel wojo
Nyumingkirke sukmaku sak wetara
Njalma ruksa linebur raga djatiku

Ajiku wringin sungsang tumuruna
Suci lan kembar pitu maripit jajar
Teguh asri pinampak lajang sukma
Ngayupi lan ngayomi pangumbaranku

Ingsun kang ratuning braja
Teguh manjing aning sarira
Kang samya pengawak wesi
Tan ana braja nindesi

Kumandang ing tengahing tawang
Miberi ngungkuli langit
Djala sutra njanma kawula
Kang kawujud kusuma adi

Wringin sungsang kidungku sasira ingsun
Kang anggawe kamulyan sukma djatiku
Kang anggawe pamoring cahya atiku
Ing sak jroning donya angkara murka


3. NUSA TEMBINI

Tanggal pisan kapumaman
Ageng pamujining wengi
Kilat andharune langit
Guntur sirna mangku bumi

Ing pesisir sisih kulon
Anggodhong mega rumambe
Ngayomi agung kratone
Negara nusa tembini

Gerbange pintune
Saka pring wulung kuning
Kang miwah lan asri
Kalaning wayah siang
Kang angker manawi
Kalaning wayah wengi
Naga radja tinunggu
Ingkang kanan kiri ne

Gusti prabu kala sekti
Ratune sing ngrumeksani
Curigo cakra gamane
Titihanipun garuda

Kratone nusa tembini
Pinudju sukma djatiku
Nirmala waluya djati
Dumadi sarira tunggal


4. PAMUKTI KANG PAMUNGKASAN

“Sun dhawuh sowan madep lan manteb
Ngatur bekti muga dumadi kanjeng
Gusti si sapu jagad”

Raga iki, sukma iki, dadi siji kang dumadi
Wengi iki, wulan iki, jagad iki dadi seksi
Milu urip, milu pati, pati urip ing artati
Guntur sirna, langit ruksa
Lan linebur dadi aji

“Ing pamuktiku kang pamungkasan
Urip iki dadi tumbale”

Jagad menga gumebyar
Suryo sariandharu
Ingsun pengawak jagad
Mati yo ora mati
Jroning peteng kalingan
Setan dadi sawiji
Ingsun dadi pangeran
Dumadi sampurno
Tak tutupi karepku
Dak alingi rosoku
Ingsun kang pangawangan
Nyata ya ora nyata
Rahino kena wengi
Urip tan kena pati
Pitung bumi kang nyembah
Marang kawulo ingsun

Sifat langgeng sejatine urip
Ngadeg ono tengahing buwana
Teguh kukuh kang dadi tapaku
Pinayungan cahyane sukmaku
Gusti raja sapu jagad
Rumekso o ing sukma jatiku
Dadi siji badan sariraku
Kang anggawe ludira ne dunya

“Pamukti ingkang pamungkasan
Nggawe ingsun kang dadi kamulyan


5. SAK TEKANING PATI

Wektu iki atiku jiwa kasar ragaku dadi siji sejati
Merga kuat karepku dhawuh sowan njeng ratu muga legana ati

Pamuji gede kasuwun
Nggen gusti buwana wektu
Mugo rina kang ndadari
Dadi kaluse kang margi
Muga dina saratane
Dadi kaluse kang margi
Nggih nyekseni pamuktiku
Ngabdi sak tekaning pati

Wektu iki wektuku dhawuh titah njeng ratu tumindake sarate
Mergo kuat karepku nggawe irenge ndunya dadi dunya kucilo

Syeh tapel wojo gustiku
Ratuning bongso siluman ageng pamuji kasuwun
Kakiyatan kang linuwih
Ageng pamuji kasuwun
Mukti sak lawasing umur
Ngabdi sak tekaning pati muga manunggaling gusti

“Rumekso ing ragaku dadi cahya ing njroning kalbu
Andadekna raja braja kang amengku buwana ruksa

Angkara raja dadi isining ragaku cahya kang ireng dadi pamoring atiku
Linebur dadi sawiji sukma jatiku
Kang anggawe dunya dadi wutahing ludira

Sukma ingsun kang sampun linuhung
Ngesimpen durjana mecah isining dunya


6. PANGUMBARANING SUKMA

Wektu iki ingsun kang nedya
Pangumbaraning sukma
Sak wetara wektu
Tumuruna ing ragaku
Ajiku si kidang putih
Pinayungan sukmaku

Si kidang putih ajiku
Awiyatan njroning bumi
Nyata manjing ing sukmaku
Dadi siji sariraku
Kang pangawang wujudku
Dadi nyata paningale
Sun sedyaken sukmaku
Panembusing wektu

Sukma mulya adi luwih
Ngadeg ana ing tengahing raga
Yuwana ing raga ingsun
Dadi waluyo sejati
Sari jagad, sari bumi
Sari wengi, sari wulan
Dzat ing geni, dzat ing banyu
Ingsun muji pusaka ngelmu

Sun dadi ratu, ratu sukma djati
Djatining sari dumadi sukmaku
Pangumbaranku dadi nedyaku
Kang pinayungan si kalakatung

Sukma cahyaku kang wening
Kukuh dumadi kang mulya
Katimbang sukmane sak buwana
Kama ingsun kang sejati
Tunggal jati lan waluya
Katimbang kamane sak buwana
Rasa mulya saking pangeran
Gusti kanjeng si kalakatung

“Duh gustiku si kalakatung
Ingsung sowan ngatur bekti
Ingsun sampun dados ratu
Ratune sukma lan angkara


7. NAGA RADJA BARUKLINTING

Ing wukir lawu sak jroning alase
Ana naga kang gedhe wujude
Tapa brata sak taun-taune
Dadi srana kasambut muktine

Si baraklinting kang dadi asmane
Naga radja linuwih sektine
Ning ilate sejati ilmune
Dadi wisa ing pangumbarane

Lelembut adjrih awani nyambangi
Wedi asih lan sarwa sumikir
Tan ana jalma angambah panuju
Ing bahrawa kang dadi kratone

“Naga radja baruklinting
Dadi sawiji tunggal sak wujud
Naga radja baruklinting
Dadi gusti pangaryoning jagad

Kang nedya ala nyebarke kucila
Angakarane sak gunging durjana
Nggawe pati kang sari polahe
Sak ciptane linerbur manungsa

Baruklinting leno .......................................

Naga radja baruklinting duwe nedya kang gedhe
Nggen ngiteri wukir lawu
Kaliyan raganipun
Njulurake ilate karep nyokot buntute
Ilate kasamber braja
Kesektianipun sirna

lyrics added by tbc85 - Modify this lyrics